Jumat, 29 Juli 2022

Selamat Tahun Baru

 *Geguritan Pungkasaning Warsa


Tan Rinasa tahun jawa wis Paripurna

Iki bengi wis 1 Sura, Mungkasi Warsa

Ora Krasa Yuswa Mundhak Tuwa

Ananging Tuwa kuwi  Nugraha

Paringane kang Maha Kawasa

Muga Tansah Pinaringan Rahayu Widada

Ora Kurang Sawiji apa


Rasa Pangrasa dipantha - Pantha

Endi sing Becik lan Endi sing ala

Dadi Panglimbanging Rasa

Sing Becik diupakara

Sing ala  diguwang Supaya aja  Dadi Memala


Panyuwunku Dadiya Tuwa

Uripa kang Tetep miguna

Tansah Pinaringan Ayem Tentrem

Bagas-Waras, Bagya Mulya

Nir ing sambikala


*SUGENG MANGAYUBAGYA WARSA JAWA 1444 H*

Penulis

Sarpandito Prawiro Nagoro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar